Cari Blog Ini

Jumat, 17 Agustus 2012

renungan kamardikan




     Kula Nuwun!
     Kawilujeng karahayon awit saking Nugrahaning Gusti ingkang Maha Agung mugi hamemayungana dhumateng penjenengan sadaya lan kula.
     Bapak-bapak saha Ibu-ibu pengawas TK/SD ingkang winantu ing pakurmatan.
     Para sesepuh aji sepuh winantu ing suka rahayu.
Sumangga kula dherekaken ngunjukaken puja-puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad bilih panjenengan sadaya lan kula tansah pinaringan wilujeng boten wonten alangan satunggal manapa, wasana saged ndherek mengeti dinten kamardikan Nagari Republik Indonesia ingkang kaping 67 taun ing wekdal ratri menika.
     Para Bapak para Ibu  ingkang minulya.
Wonten ing pengetan dinten kamardikan menika sumangga panjenengan sadaya kula ajak ngemut-emut dhateng labuh labetipun para pahlawan, mliginipun para pahlawan kamardikan. Para pahlawan kamardikan menika kanthi lila legawa berjuang nglawan penjajah. Para penjajah menika sadaya anggadhahi ancas tujuan ingkang sami, inggih menika kepengin ngebroki, kepengin nguwaosi Nagari Indonesia. Awit saking menika para pahlawan kamardikan kanthi sedaya kekiyatanipun ngupaya nyingkiraken penjajah. Para pahlawan menika sampun tuwuk ngraosaken pait getiring ngagesang, kebak panandhang gesangipun. Antawisipun : asring padharanipun keluwen inggih amargi kiranging tetedhan. Sandhang panganggenipun pathing srompal, inggih amargi boten wonten ingkang kangge tumbas. Ananging panjenenganipun anggadhahi greget ingkang makantar-kantar, kepengin nagarinipun uwal saking cengkeremaning penjajah. Kepengin nagarinipun merdika kados ingkang dipunimpek-impekaken rina wengi. Pramila panjenegan sedaya lan kula gadhah kewajiban ndongakaken dhateng para pahlawan, mugi-mugi dipuntampi sedaya amal kasaenanipun, dipunparingi pangapunten sadaya kelepatanipun lan dipunpapanaken wonten ing papan panggenan ingkang sekeca.
     Para Bapak para Ibu lan  ingkang winantu ing suka basuki. Sasampunipun ingkang dipun idham-idhameken bangsa Indonesia aingkang awujud kamardikan sampu maujud 67 taun dangunipun, pramila sumangga panjenengan sadaya kula ajak ngisi kamardikan menika kanthi tindak-tanduk ingkang sae, waspada, ngatiati, anggadhahana budi pekerti ingkang luhur, anggadahi watak lembah manah. Dhumateng para generasi mudha supados mbudidaya nebihi sakabehing tumindak ala, upaminipun colong jupuk, remen mitenah dhateng tiyang sanes, minum-minuman keras mabuk-mabukan, pil ektasi lan sanes-sanesipun. Ingkang sadaya kalawau sejatosipun badhe damel pituna dhateng badanipun piyambak. Panjenengan sadaya kedah tansah caket dhumateng Gusti ingkang Akarya Jagad, mugi-mugi panjenengan sadaya lan kula tansah dpuniayomi, dipuntedahaken dhateng margi ingkang sae dipunparingi kasarasan, kawilujengan, dipunparingi iman ingkang kiyat, wasana saged ndherek njagi jejeging Nagari Republik Indonesia ingkang panjenengan sadaya lan kula tresnani menika.
     Para Bapak para Ibu lan para  ingkang winantu ing karahayon. Kula kinten cekap semanten atur kula wonten ing adi cara renungan dinten kamardikan Nagari Indonesia  ingkang kaping 67 taun menika. Mbok bilih kathah atur kula ingkang damel kirang renaning penggalih panjenengan sadaya, pramila kula mawantu-wantu nyuwun lumebering sih samodra pangaksami.
Rahayu ......... Rahayu ........... Rahayu ingkang sami pinanggih.
     Nuwun !




Tidak ada komentar:

Posting Komentar